Jumat, 19 September 2014

ASMARADANA (sandi asma)

GETun carub lan sungkawa
NUlad sangsaraning klawarga iki
Anggrantes rasaning kalbu
GUSti enggal tulunga
LEStari rahayu minangka dongaku
nganTiYO puputing yuswa
NOra kendat ingsun memuji

LELAMISAN

Pêtêngé ndhêdhét kêpati ndayani nyênyêté wêngi

Angin kang sumribit tumêmpuh sagunging uwit

Pasêksèn sambatku tumêkèng sundhul nglangit

Pagénéå hyang manon tan asung pitutur

Mring titah kang nuju kuwur

 

Karaméan kråså samun

Nadyan lair mèsêm guyu 

Yêktiné batin tansah muwun

 

Trêsnané jêbul amung nggégé mångså 

Kêbak sêtyå janji kang ora tumus têkaning ati

Kang nandur katrêsnan kêmul kadurakan

Ngibaraté banyu rêgêd biså njélmå minangkå manising madu

IMPEN SEJATI

Tidhêm prêmanêm tan ånå sabåwå swårå
Ngêlangut nyamut-nyamut mulat lêlakon kang sinanḍang
Tumungkul sakèhing ḍuhkitå lir sêkar anglayung
Sumarah ing karêp sumèlèh ing pamikir
Nyakêtaké ḍiri marang Hyang Widhi

Lumantar sumiliring angin wêngi
Sun ngrêroncé sêkabèhing impèn sêjati
Nggugah ati nyirnaké råså ḍuhkitå
Anuju papan kang dadya gêgadhangan
Mugå dèn énggal binukå korining kabagyan.